Selasa, 21 Juni 2011

Mistery 2011

Yektos ewuh, milo kamidangetaken sadoyo dawuh2 sarto pepacuh, tumuli ginalih kawawas kanti nastiti ngati ati.

Yektos salami warso dal 1943 (2010), yektos warso ingkang mbingungaken, pokokipun, cekak aosipun tansoyo pinikir tansoyo mbingungaken.

Gandeng pakerti titah sawantah (manungso) anggen yakin bilih klentunipun tumindak diri pribadi yektosipun mboten klentu, yektos dados mbingungaken, menopo boten mbingungaken.

Punopo malih boten ngrumaosi, bilih mekaten saget pun artosaken bilih bingung sarto klentu meniko sayektosipun langsung menopo boten langsung andarbeni gegandengan kalamun punopo kang sinebat raos eling.

Bilih boten eling tamtu boten bingung, gandeng boten eling bilih klentu, somo kadyo umpami kito boten eling bilih klentu tamtu kito boten bade bingung.

Ketingalipun ing warso 1943 (2010) kito yektos boten eling, utawi boten bade eling utawi ethok2 boten eling, bilih wonten satunggale bab ingkang klentu, hinggo boten bingung utawi ethok2 boten bingung mirsani suasono.

Sadengah wawasan warso dal 1943 (2010) tumuju warso Be 1944 (2011)

Asuro : tgl 7-12-2010 hinggo tgl 6-1-2011.

Suasono sarwi sintru katah pawongan sami sesongaran kadyo dandang mungel kuntul, kuntul mungel dandang.

Sadoyo gepok senggol wicoro, milo muno lan muni tinoto mrih rahayu.

Ing perangan tanah jawi siseh wetan wonten 3 argo ingkang wajib tiniti kanti waspodo.

Wonten menopo to pranoto jagat royo puneki ?

Sapar : warso Be 1944 (2011) tgl 7-1-2011 hinggo 4-2-2011

Jagat royo betah wigatos, sadoyo kadyo nagih janji.

Argo nagih janji.

Bengawan nagih janji.

Samudro nagih janji.

Barat agung nagih janji.

Sadoyo sindung riwut udan salah mongso, wonten menopo artos paribahane mongso puneki ?

Milo sadoyo titah kedah sami eling, eling dumateng ingkang damel gesang, eling dumateng kiwo tengen bebrayan, eling dumateng jagat royo.

Mulud : warso Be 1944 (2011) tgl 5-2-2011 hinggo 6-3-2011

Barat ageng, beno ageng, ngincim sakaindeng jagat andadosaken tansoyo sintru jagat royo.

Pacobaning ingkang Moho Wikan kasat ing soca, ewoh samanten titah tetep boten rumongso lan ngrumangsani, tansoyo kebak pangandikan saur manuk, duding dinuding nebah jojo kumalungkung bener.

Bakdo Mulud : warso Be 1944 (2011) tgl 7-3-2011 hinggo 4-4-2011

Suasono nusantoro gandeng udan salah mongso, howo atis katah kawulo katumaman gering maneko warno, pangan tansoyo boten saget ginayuh, sandang tanpo aji, kawulo alit kadyo gabah kainteran.

Jumadil Awal : warso Be 1944 (2011) tgl 5-4-2011 hinggo 4-5-2011

Katah poro-poro piantun sami rebatan mundut pasiten, mundut dalem kang reginipun tansoyo nglungit.

Poro-poro piantun kang makaryo adol gunem tansoyo kuncoro podo brewu, poro wanito muda kesupen trapsilane.

Jumadil Akhir : warso Be 1944 (2011) tgl 5-5-2011 hinggo 2-6-2011

Suasono bingah yo sisah, bingah satunggal kalih mapak ing kamulyan ngribah pakulinan ning bali katah kawulo alit kang sambat sami cerik2. Kenging punopo Gusti paring pepeling ingkang mekaten ?

Rejeb : warso Be 1944 (2011) tgl 3-6-2011 hinggo 2-7-2011

Suasono anget2 kuku kebak raos boten pitados, tuwuh raos curigo hanyurigani, poro bandoro tansoyo benget, sinten to ingkang kapatah ngleremaken suasono, gandeng jamanipun piantun pinter ning minteri kancanipun, tanpo dedasar sipat ngerti.

Ruwah : warso Be 1944 (2011) tgl 2-7-2011 hinggo 31-7-2011

Suasono tansoyo urip katah piantun bingung judeg kadyo kreto tanpo kusir, kepel nyongklang sak karepe dewe, sinten ingkang wantun nyepeng kepel ngendalekaken kreto ?

Poso : warso Be 1944 (2011) tgl 1-8-2011 hinggo 30-8-2011

Suasono radi lerem, radi sareh, radi kesupen ning menopo boten kados gabah kainteran, bingungipun kawulo alit.

Sawal : warso Be 1944 (2011) tgl 31-8-2011 hinggo 28-9-2011

Suasono tansoyo katah piantun bingung lan mbingungi henggo mbenjang punopo ngantu antu paribahane suasono, sadoyo kadyo gantang, wonten menopo to jagat royo puneki ?

Selo : warso Be 1944 (2011) tgl 29-9-2011 hinggo 28-10-2011

Odho2 paribahan tansoyo saur manuk, sinten to ingkang saget mumpuni tumuli saget nglempakaken balung pisah, pamuji kawulo, mugi Gusti ingkang murbeing wikan enggalo paring pitungkas menggahe suasono andadosaken adil alam rukun dunyo.

Besar : warso Be 1944 (2011) tgl 29-10-2011 hinggo 26-11-2011

Telasan warso Be 1944 (2011) sampun gaweng ing soca suasono jagat royo, tansoyo aeng paribahane, mongso boten saget pun uningo sadoyo dadoso panggigah ing kajiwan mrih eling, ora eling dadi guling yen eling podo rahayu.

Sigek tanggep cekap semanten sadengah wacono andaran kawulo, bilih wonten klenta klentu ing atur nyuwun agung samudro beno.


Flowers emotions cantik nature anime wonderful car body design lamborghini

0 komentar:

Posting Komentar